1) Wong sing ORA JUJUR : Wong sing nek  ngentut terus nyalahke wong liya.
2) Wong GOBLOG : Wong sing ngempet ngentut  sampai jam-jam an.
3) Wong sing JEMBAR WAWASANE : Wong sing  ngerti kapan kudu ngentut.
4) Wong sing SENGSARA : Wong sing pengin  banget ngentut ning ora isa ngentut.
5) Wong sing MISTERIUS : Wong sing nek ngentut  ora konangan wong liyane.
6) Wong sing GUGUPAN : Wong sing ujug-ujug  nyetop entute nek pas lagi ngentut.
7) Wong sing PERCAYA DIRI (PD) : Wong sing  ngira nek entute dhewe ambune mesti wangi.
8)Cool Wong sing KEJEM (SADIS) : Wong sing nek  ngentut terus dikibaske nyang kancane.
9) Wong sing ISINAN : Wong sing nek ngentut  terus kisinan dhewe.
10)Wong sing STRATEGIS : Wong sing nek  ngentut neng ngarepe wong liya isa karo  nylamurke entute nganti wong liyane mau ora kepikiran maneh.
11)Wong sing BODHO : Wong sing nek bar  ngentut terus ambegan sak puas-puase (jero-jero),  kanggo ngganti entute sing wis kadhung metu.
12)Wong sing GEMI : Wong sing nek ngentut  metune diatur sethithik-sethithik.
13)Wong sing SOMBONG : Wong sing seneng  ngambu entute dhewe.
14)Wong sing RAMAH : Wong sing seneng  ngambu entute wong liya.
15)Wong sing ORA RAMAH : Wong sing nek  ngentut malah mendhelik lan ngamuk-ngamuk.
16)Wong sing KEKANAK-KANAKAN : Wong sing  senenge ngentut ing jero banyu ben isa ngematke  unine blekuthuk-blekuthuk.
17)Wong sing ATLETIS : Wong sing nek ngentut
karo ngeden.
18)Wong JUJUR : Wong sing ngakoni nek dheweke bar ngentut.
19)Wong PINTER : Wong sing iso niteni ambune entut wong liyane.
20)Wong SIAL : Wong sing dientuti terus karo wong liya.
21)Wong sing KURANG KONTROL DIRI : Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
22)Wong sing ORA IKHLAS : Ora gelem ngambu entute dewe, Ning nek ana wong liya sing ngambu muring- muring.
23)Wong sing GEMI :Wong sing menawa ngentut metune swara entut di endhat- endhat dadi ping 7.
24)Wong sing SOK AMAL : Wong sing menawa ngentut, metune di brolke, sak ampase.
25)Wong RA NGGENAH : Angger ngentut silite ditempeli terompet, ben sangsaya banter swarane.
26)Wong RA UMUM : Yen ngentut dilagokake kaya tembangan.
27)Wong PENSIUNAN PRAJURIT : Yen ngentut  dipenggak-penggak, kareben swarane kadya unining bedil.
28)Wong RA SABARAN : Wis ngueden methuthut ra muni entute malah brole sing metu.
29)Wong SOLO/YOGYA (mohon maaf) : Entute aluuun banget, dawa lan sajak ndandang gulo.
30)Wong RADUWE GAWEAN : Ndiskusekke soalnentut (kayata sing maca).
31)Wong GENDHENG: Wong sing ngamati ciri-cirine wong liya saka carane ngentut!!

di kutip dari berbagai sumber

Share and Enjoy:
  • Print
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Facebook
  • Mixx
  • Google Bookmarks